Bahasa lain

Pertanyaan

carilah unsur instrinsik novel dibawah ini
a. tema cerita
b. amanat
c. paraga lan watak paraga
d latar
e. alur crita (plot)

Wacan Novel:
NGULANDARA
Sawijining dina kaluwargane Tien katekan tamu yaiku Oei Wat Hien. Tekane Hien iki mau kanggo nawakake berlian lan montor. Hien duwe niat adol montor lan nawakake sopire bisa nyambut gawe marang keluarga Tien. Nalika Den Bei takon bab montor apa lan nomere pira, Hien mangsuli yen montore iku Buick lan nomere 1013. Mangerteni bab kuwi, Tien kaget lan banjur kelingan marang montor sing biyen nulungi kaluwarga Tien nalika montore mogok.
Raden Ayu, Asisten Wedana ndhawuhi bature sing jenenge Kreta kanggo nimbali sopire Nyonya Hien. Nalika Kreta bali, dheweke matur menawa sopire ora ana nenggon montor. Nyonya Hien banjur kelingan menawa sopire arep menyang pasar. Kreta banjur didhawuhi methuk dhewekke. Nalika Kreta bali bareng karo wong lanang, wong iki mau ditimbali Rapingun dening Nyonya Hien. Sawise keluarga Tien mangerteni yen Rapingun iki mau wong sing wis nulungi nalika semana. Pungkasane Rapingun banjur ditampa dadi supire kaluwarga Tien.
Sasuwene nyambut gawe ana ing keluarga Tien, Rapingun iku sregep. Kajaba dadi sopir, Rapingun uga bisa dadi tukang kebon lan rewang. Malah bature sing luwih dhisik tinimbang Rapingun iku mau kalah prigel. Den Bei kagungan jaran sing dijenengi Hell, jaran iki isih angel durung bisa ditumpaki. Nanging sasuwene dirumati Rapingun, jarane bisa bisa manut.
Sawijining dina, Raden Ajeng Tien lan Rapingun lunga menyang magelang, sowan daleme Den Bei Mantri, tanpa Ibu Tien amarga nembe gerah. Kebeneran neng kana ana pasar malem, Raden Ajeng Tien ngajak Rapingun menyang kana. Nalika ing sajroning pasar malem, ana wong lanang loro kang mung nguwasi Raden Ajeng Tien. Bab iku njalari atine Raden Ajeng Tien was-was, nanging dheweke ora crita marang sapa-sapa amarga dheweke marang dheweke kabeh. Sapungkure saka pasar malem Tien ngajak Rapingun bali menyang Ngadiredja.
Ing tengah dalan, Raden Ajeng Tien lan Rapingun dicegat dening wong loro mau. Jebul salah sijine iku Hardjana yaiku bekas pacangane Tien. Dheweke nagih janji marang Tien nanging Tien rumangsa ora duwe janji marang Hardjana. Nalika mbela Tien, tangane Rapingun lara, nanging pungkasane banjur bisa mlayu. Nalika tekan omahe Tien, dheweke ora crita marang Bapak Ibu Tien kedadeyan sing nembe diadhepi iki mau.
Rapingun banjur digawa menyang rumah sakit supaya tatune mau bisa diusadani banjur mari. Nalika ing rumah sakit, Tien marani Rapingun banjur rasan yen wong tuwane arep ngajak rapingun menyang Sala jalaran etuk surat saka Raden Mas Gandaatmadja. Raden Mas Gandaatmadja kagungan putra siji sing asmane Sutanta wis pitung sasi ora kondur. Rapingun matur yen dheweke wis tau ketemu Sutanta neng Magelang.
Nalika ing rumah sakit, Tien maringi kalung marang Rapingun minangka tandha panuwun. Suwening Rapingun ing rumah sakit telung minggu, banjur bali menyang daleme Raden Bei Asisten-Wedana. Setengah wulan sawise Rapingun bali saka rumah sakit, dheweke katon susah lan sedhih. Banjur dheweke didangu Raden Bei lan Ayu Asisten-Wedana kenangapa katon susah lan sedhih. Rapingun banjur matur yen dheweke krasa kangen marang wong tuwane, apa maneh wong tuwane mung kagungan putra Rapingun. Tuan Tien maringi idin Rapingin bali menyang Pacitan suwene sesasi lan ndhawuhi supaya anggone rana numpak Hell.
Sesasi sawise Rapingun pamit, Raden Ajeng Tien sakkaluwarga nampa surat saka Rapingun. Sajroning surat iku Rapingun matur menawa dheweke kepingin mandheg anggone nyambut gawe, Raden Ayu sedhih nalika maca surat saka Rapingun iku. Nem sasi sawise nampa surat iku, Raden Ajeng Tien sakaluwarga tindak menyang daleme Den Bei Mantri. Neng kana ana Raden Mas Sutanta sing biyen ngaku dadi Rapingun. Wolung sasi sabanjure Raden Ajeng Tien lan Raden Mas Sutanta krama.

1 Jawaban

Pertanyaan Lainnya